Sabtu, 06 November 2021

Tembang Pocung Tema Kesehatan

Kasarasan iku tan kena tinuku,

rumeksaning awak,

ati ruwet den singkiri,

kareben dadya tuwa tansah piguna.


Njaga awak kanggo kesehatan prelu,

ngatur pola mangan,

olahraga kanthi rutin,

aja mikir abot turu cukup wayah.


Kahanan pandemi iki gawe bingung,

amarga Corona,

kudu eling tri piweling,

nganggo masker, asring wijik, njaga jarak.

Minggu, 10 Agustus 2014

Tembang Campursari



LUNTUR - dening Gesang

Yen luntura wenterane 
ora kaya luntur tresnane
tekan-tekane atine
kaya-kaya mung saksire dhewe
ora sembada biyene
saben dina mung tansah methukke
bareng kepethuk tembunge
angrerepa dadia duweke
Ora maido kala mangsa wong sok gawe gela
ewa semana nganti bisa anglunturke tresna
ditambahna mrana-mrene
tiwas-tiwas ndedawa larane
nanging tamba sejatine
ora liya mung awake dhewe

Jumat, 08 Agustus 2014

Tembang Macapat

POCUNG

Sliramu kang tansah ngujiwat atiku,

tan bakal tininggal,

lamun keh pacoba mburi,

setya tuhu ginilut rasa sanyata