Mutiara basa kang paling endah yaiku basa kang andhap asor, Sugih kang paling gedhe yaiku kawicaksanan, Bandha kang paling luhur yaiku jujur, Dene daya kang paling kuat yaiku S A B A R.
Minggu, 10 Agustus 2014
Tembang Campursari
LUNTUR - dening Gesang
Yen luntura wenterane
ora kaya luntur tresnane
tekan-tekane atine
kaya-kaya mung saksire dhewe
ora sembada biyene
saben dina mung tansah methukke
bareng kepethuk tembunge
angrerepa dadia duweke
Ora maido kala mangsa wong sok gawe gela
ewa semana nganti bisa anglunturke tresna
ditambahna mrana-mrene
tiwas-tiwas ndedawa larane
nanging tamba sejatine
ora liya mung awake dhewe
Jumat, 08 Agustus 2014
Tembang Macapat
POCUNG
Sliramu kang tansah ngujiwat atiku,
tan bakal tininggal,
lamun keh pacoba mburi,
setya tuhu ginilut rasa sanyata
Langganan:
Postingan (Atom)